Dumadhine Rawa Pening
Ing gunung Merbabu ana Pandhita tarak brata, kagungan putra kang salah
kedaden awujud naga. Naga mau sangsaya mundhak gedhe. Nuju sawijine dina naga
mau mara menyang pratapane Sang Pandhita, ngaku menawa putrane.Sang Pandhita
banget anggone kewuhan ing penggalih. Wusana ngendika mangkene, “Eh naga, elok
temen kowe yen ngaku anake manungsa, Ewa semono aku iyo gelem ngakoni anak
marang sira menawa gelem tapa nglekeri gunung Merbabu iki kongsi tepung gelang,
yen sira bisnyakepi gunung iki iya dakaku anak temenan.”
Kacarita naga mau banjur nglekeri gunung Merbabu. Saking suwene anggone
tapa, awake dirambati oyot-oyodan nganti ora katon wujude naga. Suwene
pethithing buntut arep digathukake karo sirahe isih cupet, ilate banjur
dieletke supaya bisa gathuk karo buntut. Wusana Sang Ajar priksa, ilat ditigas,
lan kethokan ilat mau dadi wesi nuli kinarya gegaman dening Sang Ajar. Naga mau
tumekeng tiwas, awake sangsaya suwe sangsaya ora katon amarga saking akehe
rerungkudan.
Ing sawijining wektu, wong-wong padhusan padha mbeburu kewan alas, arep
kanggo wilujengan besih dusun. Meh sedino muput ora antuk gawe, terus padha
ngaso lungguhan ing sangisoring wit gedhe. Ana salah sawijine wong kang
kethok-kethok kayu landhesan oyod gedhe. Saiba kagete dene oyod mau ngetokake
rah. Kanca-kancane padha gawok, sarta duwe pandunga menawa kang metu rahe iku
ula gedhe.
Tinimbang ora anthuk kewan alas, antuk ula gedhe iya lumayan. Wong-wong mau
banjur pada mbruncah ula, daginge digawa mantuk kapasrahake menyang daleme Pak
Bayan.
Esuke ing daleme Pak Bayan wong-wong wadon pada rewang olah-olah, marga
sorene arep wilujeng bersih dusun. Suksmane ula mau memba-memba bocah lanang,
mara menyang daleme Pak Bayan njaluk sega karo iwak, nanging ora dir ewes babar
pisan. Ana sawijine wong wadon tuwa sing welas marang bocah mau, banjur menehi
sega lawuh iwak. Bocah lanang mau seneng banget, saking rasa panarimane, banjur
meling marang Simbah Wedok mangkene, “Mbah mangke badhe wonten bena ageng,
sampeyan sedhiya lesung kalih enthong, lesung kangge prau, enthongipun kangge
melahi”.
Bocah lanang mau bareng wis wareg, banjur menyang latarnancepke sada ing
lemah, ing kono akeh bocah liyane sing pada ngrubung. Bocah sing duwe sada mau
kandha mangkene, “ Ayo, sapa bisa mbedhol sadaku iki? “akeh bocah sing padha
nyoba genti-genten mbedhol, nanging siji-siji ora ono sing kuwawa. Wong-wong
ing pendhapa bareng krungu bocah-bocah ngguyu ger-geran banjur padha metu.
Wusana wong-wong mau padha melu nyoba mbedhol, nanging yo ora anak sing kuwawa.
Bocah kang duwe sada nuli kandha, “Yen ora ana sing kuwawa mbedhol, endi dak
bedhole dhewe!”.
Sawise saa kebedhol, tilase sada mau mancur banyu. Banyu mili gumbrojog,
sangsaya suwe nuwuhake banjir, wong sadhusun pating jerit ora karuwan
polahe, wusana padha mati keblabak banjir. Nanging ana siji slamet merga numpak
lesung, yaiku wong tuwa wadon kang menehi sega bocah lanang mau. Papan kang
kebanjiran kasebut nganti seprene dadi rawa, ingaran Rawa Pening, kang pinangka
tuk sumbere kali Tuntang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar