Sabtu, 09 Januari 2016

Cerita Wayang Kanthi Lakon Sumantri Ngenger

Sumantri Ngenger
 Nalika Sumantri wis diwasa, Begawan Suwandhagni ngendika supaya Sumantri ngenger utawa suwita menyang Negara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune didherekake punakawan papat Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Begawan Suwandhagni nitipake sanjata Cakra darbeke Prabu Harjuna Sasrabahu supaya dibalekake.
Lakune Bambang Sumantri kandheg amarga Raden Sukasrana kepengin melu. Bambang Sumantri banjur ngarih-arih adhine nganti turu. Sawise adhine turu, Bambang Sumantri budhal nilapake adhine menyang Negara Maespati.
Ing Negara Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi ngrembug bab arepe mupu sayembarane Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi Citrawati nganakake sayembara, sapa sing bisa menehi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus bakal dadi bojone. Nalika lagi padha rembugan katungka sowane Bambang Sumantri. Bambang Sumantri matur arep suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prabu Harjuna Sasrabahu gelem nampa suwitane Sumantri lamun dheweke bisa mupu sayembarane Dewi Citrawati.. Sumantri nyaguhi banjur budhal menyang Negara Magada.
Ing Negara Magada, wis akeh para raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-padha gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame. Pungkasane para raja lan satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran dheweke migunakake sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus.
Rumangsa bisa ngalahake ratu sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk, kemaki. Ing batin dheweke rumangsa menangan mula banjur thukul niyate arep nelukake Prabu Harjuna Sasrabahu. “Ratu sewu negara bae padha keyok kabeh karo aku, genea aku ndadak suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu? Kena ngapa ora tak telukake pisan dadi andhahanku?” ngono batine Sumantri kandha. Sumantri banjur nulis surat panantang marang Prabu Harjuna Sasrabahu lan dipasrahake marang patihe Prabu Harjuna Sasrabahu sing ndherekake lakune saka praja Maespati.
Prabu Harjuna Sasrabahu mung mesem nampa panantang saka Sumantri. Dheweke enggal methukake lakune Sumantri. Sumantri lan Prabu Harjuna Sasrabahu perang rame. Padha sektine, padha terngginase. Perange nganti pirang-pirang dina. Sumantri kekeselen banjur kepengin ngrampungi perange karo Prabu Harjuna Sasrabahu. Dheweke enggal ngetokake sanjata Cakra arep ditamakake marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sanjata Cakra kuwi sejatine duweke Prabu Harjuna Sasrabahu. Nalika lair Prabu Harjuna Sasrabahu wis nggawa sanjata Cakra, amarga dheweke sejatine titisane Bathara Wisnu. Nalika smana sanjata Cakra disilih pamane, Begawan Suwandhagni.
Weruh sanjata Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu Harjuna Sasrabahu nesu. Prabu Harjuna Sasrabahu triwikrama utawa malih dadi buta gedhene sagunung. Sanjata Cakra disaut banjur diuntal. Buta ngamuk gereng-gereng arep ngremuk Sumantri sing kemaki. “Sumantri, kowe satriya picek, watekmu ala, melik barange liyan. Satriya wingi sore kemaki wani nantang Ratu Gustine. Tak remet pisan remuk kowe Sumantri!” Weruh Bathara Wisnu nesu, Sumantri ndheprok, lemes ora duwe daya. Nalika Sumantri disaut Brahala, Bathara Narada tumurun ngarcapada nyapih satriya loro. Buta lilih badhar dadi Prabu Harjuna Sasrabahu.
Sumantri banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa dheweke bisa muter utawa mindhah Taman Siwedari menyang Negara Maespati. Taman Sriwedari kuwi taman ing kahyangan Nguntara Segara, kahyangane Bathara Wisnu. Sumantri sing wis ilang kasektene amarga koncatan sanjata Cakra banjur klunuh-klunuh lunga saparan-paran, karepe arep wadul bapake, Begawan Suwandhagni.
Lakune Sumantri kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul lungane. Sumantri nyritakake kabeh lelakone marang Sukasrana. Sukasrana mesem krungu critane Sumantri.
“Nek mung utel aman we, ampang akang,” kandhane Sukasrana karo ngguyu ngakak.
“Tenan, Yayi? Kowe bisa muter Taman Sriwedari?” kandhane Sumantri.
“Isoh ae, Akang. Uwi ampang!”
“Adhiku, Dhi Sukasrana. Tulungana aku ya, Dhi!” kandhane Sumantri memelas.
“Aku isoh utel aman Iwedali ning ana alate, Akang.”
“Apa syarate, Dhi?”
“Aku engen elu owe, Akang. Aku elu uwita Abu Aluna Asa.”
“Kowe kepengin melu aku suwita Prabu Harjunasasra?”
“Iya, Akang.”
“Iya, Dhi. Angger si Adhi bisa muter Taman Sriwedari mesthi tak ajak suwita menyang Maespati.”
“Enan, Kang? Owe anji Kang? Owe ola apusi?”
“Iya Dhi, pun kakang janji ora bakal ngapusi!”
“Yoh, Akang. Entenana edhela ya?”
Sukasrana banjur muja semedi. Sanajan rupane ala nanging gedhe prihatine. Sedhela wae taman Sriwedari wis pindhah menyang alun-alun keraton Maespati, gawe gegere wong sanagara. Sawise klakon muter Taman Sriwedari, Sumantri ditampa suwita ing Negara Maespati dadi patih, aran Patih Suwanda. Sukasrana diajak Sumantri menyang Negara Maespati nanging dipenging ngetok, amarga Sumantri isin duwe adhi wujud buta cebol sing rupane nggilani. Sukasrana dikongkon manggon lan ndhelik ing sajroning taman.
Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane Taman Sriwedari, dheweke njerit-jerit kamigilan weruh ana buta bajang ing jero taman. Dewi Citrawati banjur lapuran marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu dhawuh marang Sumantri supaya nyingkirake buta bajang. Sumantri sing wis nggraita menawa buta sing dikarepake kuwi adhine, Sukasrana, banjur budhal mlebu taman.
Tekan ing jero taman, Sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing medeni Dewi Citrawati. Sukasrana dikongkon bali menyang pertapan. Sukasrana ora gelem amarga wis dijanjeni dening Sumantri arep diajak suwita ing Negara Maespati. Sumantri gregeten. Sukasrana diagar-agari panah dikongkon bali. Sukasrana tetep ora gelem bali malah nyedhak nagih janjine Sumantri. Nganti suwe anggone eyel-eyelan, pungkasane panah mrucut saka tangane Sumantri lan nancep ing dhadhane Sukasrana. Sukasrana mati. Kuwandane ilang musna, ninggal sepata.
“Kakang Sumantri! Tega temen kowe karo aku, Kakang. Kowe mblenjani janji, Kakang. Aku ora trima. Utang pati nyaur pati. Eling-elingen mbusuk yen kowe perang tandhing karo ratu buta saka Ngalengka, ing kono tumekane piwalesku, Kakang. Wis kakang, tak enteni ing lawange surga.
Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau barang wis kebacut. Katresnane marang adhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti marang ratu gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani. Janji ngajak adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan kamukten. Besuk patine sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka Ngalengkadiraja.


Cerita Wayang Kanthi Lakon Anoman lan Bimo

Anoman lan Bimo
Diceritakake, para pandawa saweg ngremeng uga tapa ing wana salebetipun telulas taun saksampune kawon anggenipun perang kaliyan kurawa. Kala menika, mboten enten arjuna, amargi piyambakipun saweg bertapa ing setunggal redi (mbenjang badhe angsal senjata pasopati saking dewa syiwa). Semanten dangu pandawa mlampah ing wana, ngantos mukawis dinten drupadi mboten saged nahan gerah ingkang dipunrekaos dening badanipun. Piyambakipun enggal kendel konjuk ngaso. 

Wonten kala ngaso, drupadi ngambung ambet sekar ingkang arum sanget, kirangan saking pundi dathengipun. Piyambakipun ngersakaken sekar punika konjuk dipuntanem malih ing kethektonipun saksampune masa ngremeng piyambake sedaya ing wana sampun rampung. Mila piyambakipun nyuwun dhateng bima konjuk madosikaken sekar punika, kagem dipuntanem ing kethekton. 

Mboten kersa sedherekipun paling utami drupadi rekaos, bima nuruti panedha drupadi. Piyambakipun mengker para sedherekipun, ndhereki ambet sekar ingkang arum punika. Ngantosa bima ing setunggal wana uga piyambakipun nemoni setunggal radin ingkang katingalipun nuju datheng panggen sekar-sekar punika, 

Ananging piyambake mboten saged ngliwati radin punika, amargi ing madya radin enten kethek ageng nduwe welaj sae saweg tilem ing radin. Bima bola-bali nangekaken uga ngengken kethek punika kesah, kajengen piyambakipun saged lewat radin punika. 

Kethek ageng punika nedha kajengen bima welas datheng piyambake amergi piyambakipun sampun sepuh, mboten saged wungu saking tilemipun. Piyambakipun ugi micanteni bima konjuk mboten njangkah langkung tebih malih, amergi radin punika namung badhe ndhatengaken kepejahan kunjuk bima. Nanging ksatria pandawa punika mboten gubris menapa ingkang diaturake dening kethek menika, piyambakipun rumaos piyambakipun paling linangkung uga paling kiyat. 
 “singkirke buntutku yen sampeyan mboten kersa njangkahi kula sami kaliyan ingkang sampun dipunwucalaken dening kitab weda,” 

Bima rumaos pitados badan saged menyingkirkan buntut ingkang katon enteng uga mboten enten masalah menapaa menika. Enggal disingkirken buntut punika, nanging jebulna bima mboten saged ngalenggahanipun, nggeser mawon ugi mboten saged. 

Akhiripun bima ngabrit kawon dhateng kethek ageng punika. Tanpa dinyana, kethek ageng punika nepangaken badanipun dados anoman, sedherek paling sepuh saking bima, ingkang diasuh dening dewa bayu. Piyambake sedaya enggal sami ruletan, saksampune anoman nyukani pitedah wonten pundi saged mendet sekar punika ingkang dimaksud menika.

Salah satunggal masalah ingkang ndamel kula kagum dhateng anoman yaiku yuswanipun ingkang panjang sanget, dadosipun saged nemoni jaman pandawa kurawa uga saterusipun. Malah ksaktenan anoman ugi langkung sakti tinimbang bima, namung kemawon piyambakipun langkung wicaksana lebet nyikapi kepinteranipun. Anoman mileh konjuk nyepenaken uga mboten menyombongkan badan gadhah kepinteran ingkang linangkung.


Cerita Wayang Kanthi Lakon Utara Lan Wratsangka Krama

Utara lan Wratsangka Krama

Sawijining dina, Prabu Tasikraja saka tlatah Tasikretna anggawe sayembara amerga ilange putrine kanti jeneng Dewi Tirtawati. Isi sayembara iku yaiku sopo wae wong lanang kang bisa nemokake Dewi Tirtawati lan nggawa bali ana ing kraton Tasikraja dewek ‘e bakal dirabekake deneng Dewi Tirtawati.

Sawentara ana ing liya tlatah yaiku negara Astina Pura, Prabu Abiyasa nampa rawuh Resi Narada kang nggawa pesen saka Hyang Girinata kanggo anggolekake jodo marang Raden Utara lan Raden Wratsangka kang ora liyo yaiuku anak keturunan saka kerajaan Wirata. 

Ora suwene kerawuhan Resi Narada banjur disusul Raden Wratsangka kang nyeritakake lungane kakang Utara kanggo anggoleki Dewi Tirtawati saperlu anemokake lan bisa anggawa bali ana negara Tasikretna. Kanthi nemokake Dewi Tirtawati Raden Utara nduweni pengangen-angen supaya bisa rabi dening Dewi Tirtawati. Krungu cerita saka Wratsangka, Prabu Abiyasa banjur tindak saperlu madosi Raden Utara. 

Singkat cerita, Prabu Abiyasa bisa nemokake Utara ana ing tengah alas gung liwang liwung. Ana ing ngalas iku mau Prabu Abiyasa weneh dawuh marang Utara supaya anggoleki penculik kang wis nyulik Dewi Tirtawati ana ing tlatah negara Tasikretna kanti iringan Raden Wratsangka. Prabu Abiyasa paring dawuh amerga nduweni batin yen penculik Dewi Tirtawati bakal bali ana kraton Tasikretna kanggo nyulik adikne yaiku Dewi Sindusari.

Sawentara iku ana ing tlatah Bulukapitu kedadean kang wis dinyono-nyono Prabu Abiyasa bener kedadean. Amerga penculik Dewi Tirtawati ora salah yaiku Raden Girikusuma saka keturunan Prabu Prawata mbujuk Dewi supaya gelem rabi marang dewek’e. Amerga ngrasa dwek’e kepepet Dewi Tirtawati banjur weneh syarat kanggo Girikusuma yen bakal bebojoan marang dewek’e, syarat kui yaiku Girikusuma ugo kudu ngrabi Dewi Sindusari sing ora liya adi saka Dewi Tirtawati. Ora akeh ngomong Raden Girikusuma banjur tindak menyang negara Tasikretna kanggo nyulik Dewi Sindusari supaya bisa rabi marang keloro keturunan Prabu Tasikraja iku.

Ana ing kraton Sariretna  Prabu Tasikraja nampa rawuhe Raden Utara lan Wratsangka kang ngendikan bilih sowanipun dateng Prabu Tasikraja mboten sanes amargi titah saking Prabu Abiyasa. Raden Utara lan Wratsangka uga matur daten Prabu Tasikraja bilih penculik kang sampun nyulik putri Raja bakal teko malih dateng kraton Sariretna. Salajenge Prabu Tasiraja paring dawuh dateng Utara lan Wratsangka supaya penculik iku bisa kecekel lan putrine Dewi Tirtawati bisa ditemokake.

Ana ing wengi dina Girikusuma dugi kraton Sariretna kanti niat nyulik Dewi Sindusari. Ananging durung nganti niat kui kaleksanan Girikusuma kepergok deneing Raden Utara lan Wratsangka sahingga kedadean peperangan. Ana ing perang iku Girikusuma bisa dikalahake lan mlayu bali menyang tlatah Bulukapitu. 

Kanthi dawuh Prabu Abiyasa Raden Utara lan Wratsangka banjur ngoyak Girikusuma tumeka ing Bulukapitu lan kasil anggone ngalahke Girikusuma teka patine. Amerga pati saka Giikusuma Prabu Prawata kang ora liyo rama saka Girikusuma ngamuk, anangin bisa diatasi marang Utara lan Wratsangka. Dewi Tirtawati kang diculik ana Bulukapitu banjur bisa ditemokake dening Utara lan dipun kundurake ana ing Prabu Tasikraja.

Prabu Tasikraja banjur nepati sabdane kanggo nikahake Dewi Tirtawati marang wong lanang kang bisa nemokake dewe’e, wong lanang iku ora liya yaiku Raden Utara. Sawentara Raden Wratsangka dinikahake dening adine Dewi Tirtawati kanthi asma Dewi Sindusari.



Cerita Wayang Knthi Lakaon Wahyu Makuta Rama

Wahyu Makuta Rama
Prabu Suyudana ngutus Adipati Karna, lan Patih Sengkuni saha para Kurawa menyang Gunung Kutarunggu utawa pertapan Duryapura kanggo golek mahkuta Sri Batara Rama utawa Wahyu Makuta Rama. Makuta iku diincer akeh para kesatria amerga nduweni manfaat kang linuwih. Menurut para rama, sopo wong kang duweni makuta rama bakal dadi wong sekti soho bisa nurunake raja-raja ana ing tanah jawi lan ugo bisa dadi raja ana ing tanah jawi.  

Ana ing gunung Kutarunggu Anoman lan Kesaswasidi manggon ugo nguwasani wilayah kasebut. Adipati Karna sawektu teko ana ing Kutarunggu banjur sowan marang Anoman ugo ngendikaake maksud lan tujuan dewe’e menyang kutarunggu. Ngerteni tujuan saka Adipati Karna Anoman ora wenihi ijin marang Karna kanggo golek Makuta Rama ana ing tlatah Kutarunggu. Mergo iku banjur kedadean peperangan antara Anoman dan Karna. Merga kalah kuat Karna ngetokake senjata pamungkase yaiku panah Wijayadanu kanggo manah Anoman, ananging kasekten Anoman iseh bisa nglawan kasekten panah Wijayadanu sainggo bisa nangkap panah iku lan digawa ana ing tlatah Swelagiri.

Ana ing Swelagiri kasunyatan Arjuna uga golek Makuta Rama, panjenenganipun dateng wonten Swelagiri kanti niat pados Makuta Rama, ana ing Swelagiri Arjuna kepanggih kalian Begawan Kesaswidi lan nerangake maksud tujuan dugi wonten Swelagiri.  Mireng menapa kang dipun aturake dening Arjuna, Begawan Kesaswidi banjur njelasake yen Makuta Rama niku saktemene ora kawujud barang kang bisa di gujeng, di delok, ugo di duweni. Ananging kang disebut Makuta Rama iku saktemene arupa ngelmu becik kang luhur dadi tindak tanduk kanggo raja kang sempurna. Makuta Raja iku saktemene sebutan saka ngelmu kang disebut ngelmu Astabrata. 

Sang Begawan nglajengaken pituture kagem Arjuna, piambakipun caos ramalan yen ana ing jaman kang arep teko putu saka Begawan Kesaswidi kanti jeneng Parikesit bakal dadi raja kang nguwasani tlatah Jawi. Sawentara Anoman kang ana kunu anggawa panah Wijayandanu ugo dipun paringi wejangan supaya piyambake nerusake anggone tapa ana ing Kendalisada, sesok ana tekane Prabu Jaya Purusa ana ing tlatah Kediri piyambake bakal  diangkat munggah suwargo.

Singkat cerita panah Wijayadanu dipun caosake denig Arjuna lan Arjuna nglanjutake nggawa panah iku kanggo diparingake dining Adipati Karna.

Sawentara iku ana ing liya papan, Dewi Subadra binggung anggoleki lelungane Arjuna kang ora liya yaiku bojone. Ana ing ndalan Dewi Subadra kepanggih dining Batara Narada kang banjur weneng busana priya kangem Subadra. Sawise Subadra ngagem busana iku banjur Batara Narada dawuh supaya dewek’e ganti jeneng kanti Bambang Sintawaka lan lunga menyang tlatah negeri Kurawa kanggo mbantu ngelawan Arjuna.

Bima lan Gatotkaca ugo bingung anggoleki lungane Arjuna, ana ing ndalan Bima lan Gatotkaca pepanggian dining Kumbakarna. Saka wejangan Wibisana kang dawuh yen Kumbakarna kudu njelma ana ing Bima mangka Bima banjur mlebu ana ing sikil kiwa saka Bima kanggo ngelawan Kurawa.

Sakwektu Kurawa kang dibantu saka Bambang Sintawaka ketemu Arjuna banjur Kurawa nantang Arjuna kanggo perang. Perang banjur kedadean demenanan, anangin amergo Arjuna bisa ngenali Bambang Sintawaka iku bojone, banjur Sintawaka berubah ana ing wujud asline yaiku Dewi Subadra. 

Bala Kurawa banjur nglawan Arjuna saha Dewi Subadra, ana ing pungkasane perang teko Bima lan Gatotkaca kang bisa mbantu Arjuna ngalahake Bala Kurawa.


Cerita Wayang Knathi Lakon Laire Puntadewa

Laire Puntadewa
Panggihan ing kraton Astina Pura, Pandhu dipunmajeng dening Dhestharata, Widura uga Patih Jayaprayitna. Piyambake sedaya ngginemaken kandungan Kunthi ingkang sampun ngantos wulan kelairanipun dereng ugi lair. Madya piyambake sedaya wawan pangandikan, Arya Prabu Rukma datheng nyriyosi menawi nagari Mandura badhe diserang perajurit saking nagari Garbasumandha. Raja Garbasumandha badhe ngrebut Dewi Maherah. Raja Basudewa suwun bantuan dening Prabu Pandhu kagem ngelawan musuh. Arya Widura banjur didawuhi kesah datheng Wukir Retawu uga datheng Talkandha, supados nyuwun doa pangestu kagem kelairan jabang bayi kang wanten kandunganipun Dewi Kunthi amargi Prabu Pandhu badhe datheng tlatah Mandura konjuk mbiantu Raja Basudewa kangem nglawan musuh.

Prabu Pandhu memoni Dewi Kunthi ingkang saweg wawan pangandikan kaliyan Dewi Ambika, Dewi Ambiki uga Dewi Madrim. Saksampune nyriyosi babagan rencana kekesahanipun datheng Mandura, Pandhu lajeng tapa. Lajeng budhal datheng Mandura sareng Arya Prabu Rukma. Sawentara Dhestharata nengga keraton Astina Pura. 

Yaksadarma kang dadi Raja Garbasumandha dipunmajeng dening Arya Endrakusuma, Patih Kaladruwendra, Togog, Sarawita uga Ditya Garbacaraka. Yaksadarma ngekajengan ngeek bojo Dewi Maherah kang sakmenika dados Bojo Raja Mandura. Ditya Garbacaraka dipunkengken nglamar, Togog mawenanipun, Patih Kaladruwendra uga perajurit dipunkengken ngawal piyambake sedaya. 

Perajurit Garbasumandha kepanggih kaliyan perajurit Astina Pura. Kedadosana perang, nanging perajurit Garbasumandha mblubut golek dalan liya. 

Basudewa dipunmajeng dening Patih Saraprabawa, Arya Ugrasena uga hulubalang ratu. piyambake sedaya nengga kedathengan Arya Prabu Rukma. Arya Prabu Rukma datheng sareng Pandhu. Saksampune wawan pangandikan, Basudewa mlebet datheng istana badhe manggihi para garwonipun. Nanging Garbcaraka sampun mlebet datheng istana langkung riyen, uga kedadosan Nyulik Dewi              Maherah. Dewi Mahendra uga Dewi Badraini kebingungan. Basudewa uga Pandhu datheng, Basudewa tedha kajengipun Pandhu enggal madosini. Pandhu enggal budhal mengker keraton Mandura. 

Pandhu kedadosan mbujeng Garbacaraka uga ngrebat Dewi Maherah, lajeng dipunbekta wangsul datheng Mandura. Daksampune ngabritaken Dewi Maherah, Pandhu tedha pamit, wangsul datheng Astina Pura. 

Semar, Gareng, Petruk uga Bagong pada geguyonan, dumadakan datheng Begawan Abiyasa sowan. Bagawan Abiyasa saweg pangandikan kaliyan Resi Bisma babagan kengandhegan Kunthi. Arya Widura datheng uga tedha pirantos konjuk kelairan bayi ingkang dikandung dening Kunthi. 

Arya Widura didawuhi budhal wangsul datheng Astina Pura, Bagawan Abiyasa uga Resi Bisma enggal ndhereke. Arya Widura dihadang dening buta Garbasumandha. Arya Widura mengamuk, perajurit buta kathah ingkang mati uga minggat. 

Ana ing tlatah liya, Bathara guru ngawontenaken panggihan ing Suralaya, pepanggihan punika dipundhatengi dening Bathara Narada, Bathara Panyarikan, Bathara Dharma uga Bathara Bayu. piyambake sedaya crios babagan kengandhegan Kunthi. Bathara Narada dipunkengken mandhap datheng marcapada sareng Bathara Dharma, Bathara Panyarikan uga Bathara Bayu. piyambake sedaya dipunkengken paring pitulungan dhateng Dewi Kunthi. 

Wonten mergi Basudewa uga Pandhu kepanggih kaliyan Patih Kaladruwendra. Kedadosana sampyuhan, Kaladruwendra pejah dening panahe Pandhu. 

Dumugi wonten Astina Pura, Prabu Pandhu crios kaliyan Arya Prabu Rukma, Ugrasena, ratu Basudewa uga Arya Widura. Arya Widura nyriyosi babagan kesagahan Bagawan Abiyasa uga Resi Bisma Kagem mbiyantu Dewi Kunthi Ngahirake Jabang bayi saka padarane. Madya piyambake sedaya wawan pangandikan, Bagawan Abiyasa uga resi Bisma datheng. Saksampune piyambake sedaya ngalih disambet, lajeng dipunajak mlebet datheng kraton. Ora suwe banjur Bathara Narada uga Bathara dermi datheng. Prabu Pandhu uga Basudewa tumunten nyambet kerawuha para dewa. Bathara Narada nyriyosi babagan tujuan kedathenganipun. Bathara Narada ngengken kajengipun Bathara dermi ngrasuk dhateng Dewi Kunthi kanggo mbimbing kelairan bayi. Sawentara Bathara dermi mrasuk wonten jabang bayi dening kandungan Dewi Kunthi supados enggal lair. Bayi lair kakung. Bathara Narada nyaosi asma Puntadewa, uga nyaged asma Darmaputra utawi Yudistira.
 Kapethik saking : http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.co.id/2015/02/cerita-wayang-mahabarata-puntadewa.html

Cerita Wayang Kathi Lakon Kumbakarna Gugur

LAKON : KUMBAKARNA GUGUR
Kumbakarna ditimbali dening Prabu Dasamuka kinen madeg senapati ngrabaseng prajurit Pancawati, andhahane Prabu Rama. Rangu-rangu atine awit dheweke ngerti jalarane Prabu Ramawijaya ngebroi Ngalengka. Ora liya amarga srakahe Prabu Dasamukangrebut garwane Prabu Rama, ya Dewi Sinta. 
Tumindake pun kakang pancen nalisir saka bebener. Ananging menawa ngelingi bumi Ngalengka, bumi wutah getihe sing bosah-baseh uga para kawula sing nandhang sengsara dadi kurban paprangan, tuwuh tekad sing mkantar – kantar jroning wardaya kanggo bela negarane. Dewi Kiswani, garwane Kumbakarna ora kuwawa ngumpet tumetesing waspa nalika dipamiti lan diutus nyepakake ageman warna seta. 
“kakngmas, kula sampun kecalan anak-anak kula Kumbawaswani tuwin Kumba-Kumba. Kula boten purun kecalan paduka, Kangmas!” ature kebak sungkawa marang Raden Kumbakarna.
“Yayi, pati urip iku ing astane Kang Akarya Jagad, yen pun kakang tiwas ing rananggana. Ateges iku pepesthen kang ora bisa diselaki. Ananging yen kakang selak saka jejibahan iki marang bumi Ngalengka sing wis menehi panguripan? Mula sanadyan nganti oncating nyawa tetep kudu dakbelani!”
Sawise krungu ngendikane garwane iku Dewi Kiswani tinarbuka atine lan ngutabake kanthi lega lila. Bala wanara prajurite Prabu Rama kuwalahan nampani tandange Kumbakarna kang ngedab-edabi. Sanadyang mangkono ora padha gisrig, saya akeh sing ngrubut. Ono sing nyathek, nyokot mlah uga mancat ngrangsang sirah. 
Kurban saya akeh, nganti keprungu bendhe tinabuh aweh tetenger supaya padha mundur. Sawijining satriya marani Raden Kumbakarna. “Yayi Wibisana!” pambengoke Kumbakarna bareng ngerti satriya iku jebul rayine. “Kakang” kakang adhi iku rerangkulan kebak rasa sedhih. Wibisana tinudhung dening Dasamuka sesawise babaregan karo Kumbakarna elik-elik supaya ora meruhi tumindak angkara murkane kaknge sing saya ngambra-ambra. 
Ora dinyana kepethuk ing madyaning palagan. “Sangertos kula kakang Kumbakarna tansah mbelani dhareng kautaman. Kenging menapa sakpunika kakang madeg dados senapati mbelani Prabu Dasamuka ingkang ateges mbelani kamurkan?” ature Wibisana. “Dadi kaya ngono pangiramu marang pun kakang? Aku maju ing palagan iki amarga nglungguhi darmaning satriya kang kudu bela negara. Perkara tumindake Prabu Dasamuka iku dudu tanggung jawabku. 
Nanging rusake negara ngalengka, aku ora bisa nrimakake!” Wibisana ndheprok nyuwun pangapura awit wis duwe pandakwa ala. “Wis.. wis dhi ora dadi apa. Lha kowe dhewe kok ana kene larahe kepriye?” pitakone kumbakarna.

Wibisana nyritakake yen sawise ditudhung Dasamuka banjur nyuwita marang Prabu Rama. “Sangertos kula kakang Kumbakarna tansah mbelani dhareng kautaman. Kenging menapa sakpunika kakang madeg dados senapati mbelani Prabu Dasamuka ingkang ateges mbelani kamurkan?” ature Wibisana.
“Dadi kaya ngono pangiramu marang pun kakang? Aku maju ing palagan iki amarga nglungguhi darmaning satriya kang kudu bela negara. Perkara tumindake Prabu Dasamuka iku dudu tanggung jawabku. 
Nanging rusake negara ngalengka, aku ora bisa nrimakake!” Wibisana ndheprok nyuwun pangapura awit wis duwe pandakwa ala. “Wis.. wis dhi ora dadi apa. Lha kowe dhewe kok ana kene larahe kepriye?” pitakone kumbakarna. 
Wibisana nyritakake yen sawise ditudhung Dasamuka banjur nyuwita marang Prabu Rama. “Boten ateges kula cidra dhateng nagari Ngalengka, kakang. Nanging kula kedah netepi darmaning satriya ingkang tansah mbela dhateng sinten ingkang leres!” ature Wibisana. Kakarone krasa nggrentes atine kudu adhep-adhepan minangka mungsuh. “Jagad Dewa Bathara wis dadi garising Jawata kita kudu kaya ngene. 
Kowe ora luput, Dhi! Antepana dharmamu kaya dene aku netepi dharmaku! Aturana supaya ngayunake yudaku, kareben perkerene enggal rampung!” wibisana nyawang kakange kanthi trenyuh, atur sembah nuli mungkur. Kumbakarna klakon adhep-adhepan karo Prabu Rama. 
Durung kober senapati Ngalengka iku ngrangsek, kedhisiksan panahe Rama wola-wali mutung tangane banjur siskile. Saengga kari sirah lan gembung. 
Ewa semana ora luntur tekade Kumbakarna gawe pepati seakeh-akehe. Dumadakan sanjatane Prabu Rama panah Gunawijaya, ngrampungi krodhane Kumbakarna. Kumbakarna gugur.


Cerita Wayang Kanthi Lakon SIntha Kandusto

LAKON : SINTHA KANDUSTO
Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.
Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan. Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu bisa sempurna. Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.
Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha, Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi Raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.
Akhire, kedadean perang gedhe Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.


Legenda Wana Kethu

WANA KETHU

            Kasebat wonten ing jaman Kraton Demak, wonten satunggaling pawongan ingkang sekti mandraguna ingkang jejuluk Ki Kesdik Wacana, ingkang nembe anglampahi tapa wonten ing salah satunggaling redi ingkang kalebet wonten pareden Sewu (pegunungan Seribu). Pareden kalawau kinupeng wana gung liwang-liwung ingkang kathah sato kewan ingkang galak. Sasanesipun menika kaendahan alamipun sanget edipeni. Dening panguwaos Kraton Demak, papan menika dipundadosaken papan pariwisata tumrap para Raja.
            Kacarita wonten iring-iringan Raja ingkang dipundherekaken dening para pengiring lan senopatinipun, saperlu badhe mbebedhag kidang. Kidang menika wonten ingkang dipunagem pesta wonten ing wana, namung wonten ugi ingkang dipunbekta kondur dhateng kraton. Papan ingkang kangge pesta kalawau tundhonipun dipunparinggi tetenger Desa Seneng, ingkang tegesipun papan kangge seneng-seneng. Dumugi samenika papan kalawau dados papan ingkang reja. Nate dipundadosaken markas Raden Mas Said utawi Pangeran Sambernyawa kangge mengsah kompeni Walanda.
            Ing satunggaling wekdal, Raja Demak ngutus satunggaling abdinipun ingkang nami Raden Panji saperlu amanggihi Pendhita Ki Kesdik Wacana, ingkang mengku wigati sang Raja mundhut anak kidang ingkang sae, kangge klangenan wonten ing kraton. Sang pendhita minangkani pamundhutipun sang Raja kasebut. Anak kidang kalawau dipunlebetaken wonten ing satunggaling papan ingkang dipundamel saking pring (bumbung) salajengipun dipuntutup. Bumbung kalawau dipunparingaken Raden Panji, kanthi piweling (wanti-wanti) “Ampun ngantos dipunbikak tutupipun menawi dereng dumugi wonten ngarsanipun sang Prabu ing Demak”.
            Ing salebeting penggalih Raden Panji tansah enget menapa ingkang dipundhawuhaken Ki Kesdik Wacana bilih bumbung ingkang dipunparingaken mboten kepareng dipunbikak menawi dereng dumugi ing ngarsanipun sang Prabu. Ingkang dados gumunipun, sang Prabu ngersakaken anak kidang, ananging kenging menapa dening Ki Kesdik Wacana malah dipunparingi bumbung ingkang dipunsumpet. Sanadyan mekaten Raden Panji tansah enget piwelingipun Ki Kesdik.
            Salajengipun Raden panji dumugi wonten ing wana pejaten, Raden panji tansah mirsani bumbung ingkang dipunasta, saengga tuwuh krenteg ing penggalihipun mbikak tutup bumbung kalawau. Namung sasampunipun bumbung dipunbikak tutupipun, Raden Panji kaget dumadakan saking salebeting bumbung kalawau medal sato kewan alit-alit ingkang samsaya dangu samsaya ageng, pranyata sato-sato kewan kalawau mboten sanes inggih menika kidang. Kidang-kidang kalawau cacahipun wonten 16 utawi 8 pasang, sedayanipun sami mlajar dhateng wana.
            Raden Panji enggal-enggal mlajar nututi kidang-kidang ingkang mlajeng dhateng wana kalawau ngantos kethunipun (kopyah) dhawah wonten satengahing wana, namung mboten dipunpenggalih. Kidang- kidang kalawau boten saged kacepang dening Raden Panji. Raden Panji rumaos getun. Dene sampun sembrana, nerak wewaleripun Ki Kesdik Wacana. Raden Panji ajrih sanget menawi ing samangke sang Prabu duka. Raden Panji badhe wangsul dhateng pertapanipun Ki Kesdik Wacana ugi mboten wantun.
            Awit saking sekti mandraguna, Ki Kesdik Wacana saged mangertosi sedaya ingkang kalampahan tumrap Raden Panji, lajeng Ki Kesdik Wacana nungka Raden Panji dhateng wana. Wonten ing satengahing wana Ki Kesdik manggih kethunipun Raden panji ingkang dhawah nalika nututi kidang. Dening Ki Kesdik papan kalawau dipunparingi tetenger “Wana Kethu” (Alas Kethu). Papan menika kalebet wewengkon ing tlatah Wonogiri. Ki kesdik wacana pinanggih kaliyan Raden Panji. Raden Panji daya-daya sungkem wonten ngarsanipun Ki Kesdik nyuwun pangapunten dene sampun tumindak lepat inggih menika nerak angger-anggeripun Ki Kesdik.
            Ngawuningani tangisipun Raden Panji, Ki Kesdik welas ing penggalihipun ananging sasintena ingkang sampun tumindak lepat tetep kapatrapan pidana. Raden Panji dipun sedakaken dados ‘kidang wulung’ ingkang mbaureksa wonten ing Wana Kethu kalawau.
            Sinaosa kados pundi sedaya kalawau boten namung cekap dipungetuni amargi sampun kalajeng kapatrapan pidana. Raden Panji kedah nglampahi gesang ingkang enggal minangka pangarsa sedaya kidang ing Wana Kethu.


Tradisi Reog Kendang ing Tulungagung

Reog Kendang
Yaiku tradisi asli saka Tulungagung. Tari iki nggambarake prosesi prajurit kang ngancani Ratu Kilisuci Kedirilaya supaya ketemu Jathasura manggon ing Kelud. Ratu Kilisuci sabenere arep ngapusi Jathasura kanggo nolak lamarane kanti alus, lan dheweke uga wenehi sarat abot kang kudu di laksanaake. Jathasura isa nrimo lan nglaksanaake sarate. Pungkasane digawe sing rupané kaya dèkné banjur diarak menyang Gunung Kelud kanggo syarat sepiro wae sing wis dilaksanaake dening Jathasura. Nalika prosesi ngrambah ing sumur Bandung yaiku sumur kang jero lan awujud kaya kawah ing Puncake Gunung Kelud (sumur iki, kalebu sumur sing digawe minangka kondisi omah-omah Ratu Jathasura Kilisuci) ambruk (boneka) Ratu Kilisuci menyang kawah. Prajurit nyamar kanggo gupuh amarga ratuning sing dadi menyang kawah. Akhire, amarga Jathasura nganggep sing tiba menyang kawah wis ratuning Kilisuci bebener, kudu tanpa mikir kang teka nang kawah iki uga amarga wong wanted kanggo nyimpen putri kang kinasih. Sawise ngetik kawah lincah prajurit Kedirilaya isi karo watu-watu gedhé.

Tradisi Tiban

Tradisi Tiban
Adalah kesenian cambuk berdarah yang diadakan oleh Eyang Tumenggung Surontani Anyokrokusumo dari Katumenggungan Wajak. Pada masa pemerintahan Tumenggung Anyokrokusumo Tiban bertujuan untuk mencari bibit-bibit prajurit yang tangguh di Katumenggungan Wajak. Tetapi setelah Katumenggungan Wajak runtuh dan berubah menjadi Kabupaten Tulungagung, Tiban digunakan untuk meminta hujan bila terjadi kemarau panjang. Pemain Tiban pada masa Tumenggung Surontani Anyokrokusumo adalah rakyat Katumenggungan Wajak saat itu.  
Untuk bergabung menjadi pemain Tiban diperlukan keahlian khusus. Diantaranya harus terampil dan berani mencambuk didasari pada gerakan pencak silat. Selain itu pemain juga harus bisa menguasai ilmu kanuragan. Persiapan yang dilakukan sebelum hari H diantaranya adalah ritual pribadi “adus kramas” yang dilakukan oleh para pemain Tiban. Untuk pemain muda-muda mereka dilatih terlebih dahulu oleh seniornya. Pada zaman dahulu, para pemain langsung bermain di arena tanpa ada latihan. Sebelum Tiban dimulai, musik dipersiapkan terlebih dahulu. Kemudian satu persatu pemain maju ke arena pertandingan. Wasit dalam kesenian Tiban disebut Landang.  

Dalam kesenian Tiban pemain bertanding satu lawan satu. Pemain saling mencambuk lawannya satu sama lain sebanyak tiga kali secara bergantian. Jika salah satu pemain sudah merasa tubuhnya sudah tidak kuat lagi dan mundur dari arena, maka pemain itulah yang kalah. Pemain yang menang mendapat kehormatan dan menjadi kebanggan tersendiri. Kesenian Tiban juga ada di daerah lain, seperti Kediri, Trenggalek, Ponorogo dan Blitar.

Tradisi Sedekah Gunung Ing Boyolali

Sedekah Gunung 
Tradisi acara Luang Gunung Merapi tradisi sing dadi mudhun liwat generasi wiwit para leluhur.
''Acara ana upaya nguri-uri ( ngreksa ) adat sing rampung dawa ago. Lan, terus nganti saiki. Ing pet, tradisi acara acara Luang Gunung ngalab berkah wong ing lereng Gunung Merapi nyuwun donga lan kamakmuran kanggo masyarakat ''.

Miturut Hartono, acara iki minangka manifestation saka sukur marang Gusti Allah Kang Mahakwasa kanggo kabeh peparingé, kamakmuran lan kawilujengan ingkang dipun paringaken.

Acara njupuk Panggonan ing siji saka taun anyar Islam, karnaval wiwit karo kebo sirah lan ubo rampe saka Lencoh kantor desa Joglo Merapi. Joglo Merapi iki dianakaké maos legenda Gunung Merapi.


Bebarengan karo maca donga, wangun kidung-kidung pandonga iki uga ditembangaken. Sesaji ing ritial iki kalebu macem-macem ubo rampe. Sakliane sirah kebo ingkang wajib uga ana prentah, kurban, kaya conthong saka jagung beras, Brubus godhong Lumbu, gomok, acung-acung, bothok sempuro, pulsa, klobot rokok, bananas, kembang Kanthil, kunir, endhog, uga dhuwit recehan atus. Sawise acara rampung ing Joglo Merapi, nganti kepala prosesi menyang Buffalo saka wilayah Merapi Joglo Bubrah Market puncak Merapi. Sawise tekan ing lokasi sirah kebo lan oboe rampe sijine ing Panggonan. Rampung acara Luang Gunung. Acara uga ditandhani tradisi Luang Gunung kabeh-wengi pagelaran wayang dening Ki Joko Sunarno saka Karanggede. Miturut ngangkat muter 'Semar Mbangun Langit', uga njoget masyarat tradisional ing Slope antarane Gunung Merapi lan Merbabu.

Cerita Wayang Kurawa lan Pandhawa

KURAWA LAN PANDHAWA
Raden Dhestarastha iku putrane Begawan Abiyasa. Duwe adi loro aran Raden Pandudewanata lan Raden Yama Widura.
Raden Dhestarastra krama karo dewi Gendari. Kagungan putra cacahe satus, ing antarane Duryudana, dursasana, dursilawati, Durmuka, Durmaganti, Citraksa, Citraksi, Kartamarma lan isih akeh meneh.
Gandheng cacah satus mula diarani Sata Kurawa. Bala kurawa iku racake duwe watak dengki, srei, jail, methakil, daksiya sapadha-padha. Sing diagungake tumindak dursila. Gandheng Raden Destharastra kuwi wuta sing dadi ratu ana Ngastina Raden Pandhudewanata.
Raden Pandudewanata krama karo Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Putrane cacahe lima yaiku: Puntadewa utawa Yudistira ratu ing Ngamarta, Werkudara utawa Bratasena satriya ing Jodipati,sing panengah Janaka uga aran Arjuna satriya ing Madukara. Dene sing waruju kembar aran Nakula karo Sadewa. Nakula satriya ing Sawojajar lan Sadewa satriya ing Bumi Retawu. Putrane Raden Pandudewanata diarani pandhawa amarga cacahe lima.
Pandawa lan Kurawa duwe guru yaiku Begawan Durna saka padepokan Sokalima. Sadurunge Prabu Pandhudewanata seda meling karo Raden Destharastra supaya Ngastina besuk dipasrahake Pandhawa yen wis pada gedhe. Nanging Raden Destharastra mblenjani janji. Kraton dipasrahake marang raden Duryudana putrane sing gedhe dewe.
Pandhawa ora narimakake banjur njaluk baline kraton Ngastina. Prabu Duryudana sak sedulur cukeng ora gelem masrahake. Gandheng Kurawa kenceng ora gelem diajak apik-apikan, wusanane kapeksa Pandhawa ngrebut Kraton Ngastina sarana perang. Perange Kurawa lan Pandhawa mau diarani perang Barathayuda.


Jumat, 08 Januari 2016

Crita Wayang Srikandi

Srikandi
Dewi wara srikandi yaiku putri prabu drupada neng cempalareja. Wayah remaja putri dheweke ngguru manah nang raden arjuna. Bacut terus dheweke neng jupuk bojo saka arjuna. Asal nguga srikandi ngguru manah nang arjuna. Wayah pengantin arjuna karo dewi wara sumbadra, srikandi teka ndeleng, dheweke delok panggawe menyang-2 pengantin kuwi, kegereta srikandi pingin dadi manten.
Nang siji dina srikandi delok arjuna manah sing diwulangna nang rarasati, gundik sang arjuna, srikandi bacut terus teka ngguru manah nang rarasati. Ning sayekti kekarepan kuwi mung kanggo lantaran wae, ben bisa ketemu karo arjuna.

Panggawe srikandi sing mangkanaa iki dadekne murka dewi drupadi, permaisuri prabu puntadewa, kakang wedok srikandi didelok menawa panggawe srikandi kuwi ora becik.

Dewi wara srikandi dhisik dijambe saka raja prabu jungkungmardea neng negeri parangkubarja, nganti ramanda dewi wara srikandi prabu drupada tergiur tampa jamben kuwi, ning dewi wara srikandi bacut terus nggugat nang raden arjuna, dibelalah srikandi saka arjuna mawa jungkungmardea dipateni saka arjuna. Sakwise kuwi srikandi diperisteri saka arjuna karo kebiyasan kegedhen karo kawinan putera mawa puteri.

Aten-aten srikandi dadi aten-aten lanang, dhemen nang peperangan, diamargakne kuwi dheweke dipangarah puteri prajurit. Nganti periode wektu iki, wedok-wedok sing wani mbabagan mubarang hal sing ora becik, luwih-luwih sing babagan bangsa indonesia dipangarah srikandi.

Srikandi sawong puteri panjaga keamanan negeri madukara, yaiku negeri arjuna. Tembungan-tembungan srikandi enak dirungune lan kebak karo eseman. Wayah dheweke nesu ora kedelok kenesone kuwi, parandene nekakake wedi nang sapa uga.

Srikandi sawong puteri sing seneng nesu, ning keneson kuwi lekas reda. Sinyal menawa dheweke tengah nesu, merujaklah dheweke mawa dipangan sembari ngomong atos ora berkeputusan. Nek banget nesu, ana sinyal memecah barang barang pecah sigar, kabeh manuk perkutut kenduwen arjuna diucul-uculake. Nang wektu srikandi tengah nesu iki, bisa digambarke nang ukara dalang, sing gampang nggumuyokake pandeleng.


Dijero perang baratayudha srikandi diangkat bacut terus panglima perang mungsuh bisma., panglima perang kurawa, nganti bisma tewas sakane,

Srikandi sawong puteri perwira sing sanuli melindungi kebekten bojo, neng periode safe mawa neng periode perang. Jebulnaa menawa dewi srikandi sawong puteri prajurit, ora mung perang nang rutinitas perang, nuli neng nglan perang baratayudha berperang uga dadi prajurit perwira. Sakwise baratayudha srikandi tewas saka aswatama, anak durna, gulune dipenggal wayah dheweke tengah turu nyenyak.


Crita Wayang Lahire Anoman

Lahire Hanoman
Hanoman lair nang masa Tretayuga dadi putra Anjani, wanara wedok. Dhikik Anjani sawadine ngrupakne bidadari, nduwe jeneng Punjikastala. Ning amarga mubarang tumakne, dheweke lair menyang donya dadi wanara wedok. Tumakne kesebut bisa buyar yen dheweke bayen sawong putra sing ngrupakne penitisan Siwa. Anjani rabi karo Kesari, sawiji wanara perkasa. Bareng karo Kesari, Anjani nglakoke tapa menyang adhepan Siwa ben Siwa gelem menjelma sakanggo putra dekne kabeh.   
Amarga Siwa terkesan karo pemujaan sing dilakoke saka Anjani lan Kesari, dheweke mengabulkan permohonan dekne kabeh karo mudhun menyang donya dadi Hanoman.
Salah siji versi nyeritoke menawa pas Anjani tapa memuja Siwa, neng panggon liya, raja Dasarata nglakoke Putrakama Yadnya kanggo nyaka mudun. Pakolehe, dheweke nrima pirang-pirang panganan kanggo diparakne marang para bojone, banjur ana dina Rama bayen, Laksmana.
Bharata lan Satrugna. Dhuwur kekarepan dewata, sawiji manuk ngrebut panganan kesebut, lan nibakne dheweke neng dhuwur alas ana ngendi Anjani lagi tapa. Bayu, Sang dewa angin, ngiringaken panganan kesebut ben tiba neng tangan Anjani. Anjani mangan panganan kesebut, nuli laira Hanoman.
Hanoman ngadhep Rama-Sita-laksmanasalah siji versi ngomongke menawa Hanoman lair sacara ora sengaja amarga hubungan antara Bayu lan Anjani. Diceritoke menawa nang mubarang dina, Dewa Bayu ndeleng kayon Anjani, banjur dheweke memeluknya. Anjani nesu amarga rumangsa dilecehkan. Ning Dewa Bayu njawab menawa Anjani ora arep ternoda saka dhemokan Bayu.
Dheweke ngekep Anjani dudu neng awake, nanging ana sajroning atine. Bayu uga celathu menawa mbesuk Anjani arep bayen sawong putra sing kekuwatane setara karo Bayu lan paling cerdas neng antara para wanara.



Crita Wayang

Werkudara Lahir
Ksatria Bima utawa Bhimasena iku anak lanang nomer loro saka Pandu lan Dewi Kunti kang kalebu saka Pandawa Lima. Bima ugo anduweni asma sanes yaiku Werkudara. Tokoh pewayangan kang digambarake dening tokoh kang gagah perkasa, lan kasar dadi lawan kang medeni kanggo sopo wae kang dadi musuhe.
Ana ing kisah wayang mahabarata bagian Adiparwa diceritaake yen Pandu dikutuk dening Resi Kindama amerga tanpa sengaja mateni Resi Kidama kang anjelma dadi Kidang. Amerga kedadean iku, Dewi Kunti banjur njaluk keturunan saka Dewa Angin kang awujud Dewa Bayu. Saka Dewa Bayu punika Dewi Kunti banjur anduweni keturunan kang dijenengake Bima.
Amerga kalebu keturunan Dewa, kawit bocah Bima terkenal kuat lan ora ana bocah liya kang bisa nandingi kekuatane. Sikap Bima wektu bocah kang seneng jail dening ponakane yaiku Kurawa andadeke Duryadana kang kalebu Kurawa sengit lan dendam dening Bima. Malah kawit bocah Duryadana wis anduweni niat kanggo mateni Bima.
Ana ing cerita wayang Mahabarata Werkudara Lahir diceritakake ana ing sawijining dina wektu para Kurawa lan Pandawa lungo plesiran menyang kali Gangga, Duryudana weneh pangan lan nginum dening Bima kang sakdurunge wis dicampuri racun. Sawise Bima mangan lang nginum dumadakan dewe’e semaput. Ana ing wayah iku Duryadana kang wis duweni dendam dening Bima banjur ngencang Bima nganggo tali lan diseret menyang tengah kali kanti perahu cilik. 
Ana ing tengah kali kabeh awake Bima disembur Ulo kang akeh urip ana kali Gangga iku mau. Anehi semburan ulo kang cacahe akeh banget kui mau justru anggawe Bima sadar saka semaput. Sawise Bima sadar apa kang kedadean banjur dewe’e nguculi tali kang mlilit ana ing awake saha mateni ulo kang wis pada nyembur awake. Saka kunu ana siji Ulo kang bisa mlayu saka Bima lan wadul dening rajane kang aran Antaboga.
Krungu pawartos saka anak buahe, raja Antaboga banjur nemoni Bima lan paring nginuman ilahi. Saka nginuman iki diceritakake yen Bima tambah kuat lan bisa bali ana tlatah Astina Pura. Ngerteni Bima mulih kanti slamet Duryudana mangkel banget amerga Bima tasih urip.


Kegiatan Gotong Royong

Gotong Royong
istilah gotong royong biasane disebut gugur gunung. Gugur gunung yaiku nggambaraké kegiatane masyarakat sing padha rukun lan bebarengan ngewangi nggawe. Lumantar iki , akèh nilai moral sing bisa disinauni.

Biasane gugur gunung ditindakake pas dina minggu, preian, utawa sadurunge dino lan mengeti kamardikan . Reresik talang, nggawe dhalan, mbangun gerdu, uga nggawe jembatan kanggo aktivitas masyarakat Jawa. Umumé , gugur gunung dilakokkake kelompok, misale sak kampung utawa sak desa.