Jumat, 01 Januari 2016

Upacara Mendhem Ari-ari

Mendhem Ari-ari
Iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggaraake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah liya. Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi iseh neng jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku aruman utawa embing-embing.ing Jawa ana kepercayaan seulur papat, kakang kawah adhi ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa. Wong Jawa percaya yen ari-ari sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol “pepadhang” kanggo bayi. Senthir iki dinyalakake nganti 35 dina (selapan).
Carane

Ari-ari dikumbah nganti resik dilebokake ning kendhi utawa bathok kelapa. Sedurung ari-ari dilebokake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing isih anyar lan di bungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, terus digawa ning lokasi penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudh ning sisih tengen pintu utama omah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar