Werkudara Lahir
Ksatria Bima utawa Bhimasena iku anak lanang nomer
loro saka Pandu lan Dewi Kunti kang kalebu saka Pandawa Lima. Bima ugo anduweni
asma sanes yaiku Werkudara. Tokoh pewayangan kang digambarake dening tokoh kang
gagah perkasa, lan kasar dadi lawan kang medeni kanggo sopo wae kang dadi
musuhe.
Ana ing kisah wayang mahabarata bagian Adiparwa
diceritaake yen Pandu dikutuk dening Resi Kindama amerga tanpa sengaja mateni
Resi Kidama kang anjelma dadi Kidang. Amerga kedadean iku, Dewi Kunti banjur
njaluk keturunan saka Dewa Angin kang awujud Dewa Bayu. Saka Dewa Bayu punika
Dewi Kunti banjur anduweni keturunan kang dijenengake Bima.
Amerga kalebu keturunan Dewa, kawit bocah Bima
terkenal kuat lan ora ana bocah liya kang bisa nandingi kekuatane. Sikap Bima
wektu bocah kang seneng jail dening ponakane yaiku Kurawa andadeke Duryadana
kang kalebu Kurawa sengit lan dendam dening Bima. Malah kawit bocah Duryadana
wis anduweni niat kanggo mateni Bima.
Ana ing cerita wayang Mahabarata Werkudara
Lahir diceritakake ana ing sawijining dina wektu para Kurawa lan Pandawa
lungo plesiran menyang kali Gangga, Duryudana weneh pangan lan nginum dening
Bima kang sakdurunge wis dicampuri racun. Sawise Bima mangan lang nginum
dumadakan dewe’e semaput. Ana ing wayah iku Duryadana kang wis duweni dendam
dening Bima banjur ngencang Bima nganggo tali lan diseret menyang tengah kali
kanti perahu cilik.
Ana ing tengah kali kabeh awake Bima disembur Ulo kang
akeh urip ana kali Gangga iku mau. Anehi semburan ulo kang cacahe akeh banget
kui mau justru anggawe Bima sadar saka semaput. Sawise Bima sadar apa kang
kedadean banjur dewe’e nguculi tali kang mlilit ana ing awake saha mateni ulo
kang wis pada nyembur awake. Saka kunu ana siji Ulo kang bisa mlayu saka Bima
lan wadul dening rajane kang aran Antaboga.
Krungu pawartos saka anak buahe, raja Antaboga banjur
nemoni Bima lan paring nginuman ilahi. Saka nginuman iki diceritakake yen Bima
tambah kuat lan bisa bali ana tlatah Astina Pura. Ngerteni Bima mulih kanti
slamet Duryudana mangkel banget amerga Bima tasih urip.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar