Laire Puntadewa
Panggihan
ing kraton Astina Pura, Pandhu dipunmajeng dening Dhestharata, Widura uga Patih
Jayaprayitna. Piyambake sedaya ngginemaken kandungan Kunthi ingkang sampun
ngantos wulan kelairanipun dereng ugi lair. Madya piyambake sedaya wawan
pangandikan, Arya Prabu Rukma datheng nyriyosi menawi nagari Mandura badhe
diserang perajurit saking nagari Garbasumandha. Raja Garbasumandha badhe
ngrebut Dewi Maherah. Raja Basudewa suwun bantuan dening Prabu Pandhu kagem
ngelawan musuh. Arya Widura banjur didawuhi kesah datheng Wukir Retawu uga
datheng Talkandha, supados nyuwun doa pangestu kagem kelairan jabang bayi kang
wanten kandunganipun Dewi Kunthi amargi Prabu Pandhu badhe datheng tlatah
Mandura konjuk mbiantu Raja Basudewa kangem nglawan musuh.
Prabu
Pandhu memoni Dewi Kunthi ingkang saweg wawan pangandikan kaliyan Dewi Ambika,
Dewi Ambiki uga Dewi Madrim. Saksampune nyriyosi babagan rencana kekesahanipun
datheng Mandura, Pandhu lajeng tapa. Lajeng budhal datheng Mandura sareng Arya
Prabu Rukma. Sawentara Dhestharata nengga keraton Astina Pura.
Yaksadarma
kang dadi Raja Garbasumandha dipunmajeng dening Arya Endrakusuma, Patih
Kaladruwendra, Togog, Sarawita uga Ditya Garbacaraka. Yaksadarma ngekajengan
ngeek bojo Dewi Maherah kang sakmenika dados Bojo Raja Mandura. Ditya
Garbacaraka dipunkengken nglamar, Togog mawenanipun, Patih Kaladruwendra uga
perajurit dipunkengken ngawal piyambake sedaya.
Perajurit
Garbasumandha kepanggih kaliyan perajurit Astina Pura. Kedadosana perang,
nanging perajurit Garbasumandha mblubut golek dalan liya.
Basudewa
dipunmajeng dening Patih Saraprabawa, Arya Ugrasena uga hulubalang ratu.
piyambake sedaya nengga kedathengan Arya Prabu Rukma. Arya Prabu Rukma datheng
sareng Pandhu. Saksampune wawan pangandikan, Basudewa mlebet datheng istana
badhe manggihi para garwonipun. Nanging Garbcaraka sampun mlebet datheng istana
langkung riyen, uga kedadosan Nyulik Dewi Maherah. Dewi Mahendra uga Dewi Badraini
kebingungan. Basudewa uga Pandhu datheng, Basudewa tedha kajengipun Pandhu
enggal madosini. Pandhu enggal budhal mengker keraton Mandura.
Pandhu
kedadosan mbujeng Garbacaraka uga ngrebat Dewi Maherah, lajeng dipunbekta
wangsul datheng Mandura. Daksampune ngabritaken Dewi Maherah, Pandhu tedha
pamit, wangsul datheng Astina Pura.
Semar,
Gareng, Petruk uga Bagong pada geguyonan, dumadakan datheng Begawan Abiyasa
sowan. Bagawan Abiyasa saweg pangandikan kaliyan Resi Bisma babagan
kengandhegan Kunthi. Arya Widura datheng uga tedha pirantos konjuk kelairan
bayi ingkang dikandung dening Kunthi.
Arya
Widura didawuhi budhal wangsul datheng Astina Pura, Bagawan Abiyasa uga Resi
Bisma enggal ndhereke. Arya Widura dihadang dening buta Garbasumandha. Arya
Widura mengamuk, perajurit buta kathah ingkang mati uga minggat.
Ana
ing tlatah liya, Bathara guru ngawontenaken panggihan ing Suralaya, pepanggihan
punika dipundhatengi dening Bathara Narada, Bathara Panyarikan, Bathara Dharma
uga Bathara Bayu. piyambake sedaya crios babagan kengandhegan Kunthi. Bathara
Narada dipunkengken mandhap datheng marcapada sareng Bathara Dharma, Bathara
Panyarikan uga Bathara Bayu. piyambake sedaya dipunkengken paring pitulungan
dhateng Dewi Kunthi.
Wonten
mergi Basudewa uga Pandhu kepanggih kaliyan Patih Kaladruwendra. Kedadosana
sampyuhan, Kaladruwendra pejah dening panahe Pandhu.
Dumugi
wonten Astina Pura, Prabu Pandhu crios kaliyan Arya Prabu Rukma, Ugrasena, ratu
Basudewa uga Arya Widura. Arya Widura nyriyosi babagan kesagahan Bagawan
Abiyasa uga Resi Bisma Kagem mbiyantu Dewi Kunthi Ngahirake Jabang bayi saka
padarane. Madya piyambake sedaya wawan pangandikan, Bagawan Abiyasa uga resi
Bisma datheng. Saksampune piyambake sedaya ngalih disambet, lajeng dipunajak
mlebet datheng kraton. Ora suwe banjur Bathara Narada uga Bathara dermi
datheng. Prabu Pandhu uga Basudewa tumunten nyambet kerawuha para dewa. Bathara
Narada nyriyosi babagan tujuan kedathenganipun. Bathara Narada ngengken
kajengipun Bathara dermi ngrasuk dhateng Dewi Kunthi kanggo mbimbing kelairan
bayi. Sawentara Bathara dermi mrasuk wonten jabang bayi dening kandungan Dewi
Kunthi supados enggal lair. Bayi lair kakung. Bathara Narada nyaosi asma
Puntadewa, uga nyaged asma Darmaputra utawi Yudistira.
Kapethik saking
: http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.co.id/2015/02/cerita-wayang-mahabarata-puntadewa.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar