Jumat, 01 Januari 2016

Upacara Mapati

Mapati

Mapati utawa ngupati iku salahsijining upacara adat sing diselenggaraake wektu calon ibu mbobot 4 sasi. Tembung “ngupat” asale saka tembung papat utawa kupat. Tujuane upacara iki kanggo keslametan calon bayilan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala dadi padha karo upacara adat meteng. Sing radha bedha karo upacara adat meteng liyane yaiku ana sajiane kupat neng kenduren ngupati, kupat iki uga disertaake neng besek sing digawa bali undangan sing teka. Ngupat sejatine kanggo pralambang yen jabang bayi wis mlebu neng tahap kaping papat neng proses penciptaan manungsa. Upacara adat ngupat kudhu diselenggaraake neng dina sing apik miturut etungan dina jawa. 

1 komentar: