Sabtu, 09 Januari 2016

Cerita Wayang Kanthi Lakon Utara Lan Wratsangka Krama

Utara lan Wratsangka Krama

Sawijining dina, Prabu Tasikraja saka tlatah Tasikretna anggawe sayembara amerga ilange putrine kanti jeneng Dewi Tirtawati. Isi sayembara iku yaiku sopo wae wong lanang kang bisa nemokake Dewi Tirtawati lan nggawa bali ana ing kraton Tasikraja dewek ‘e bakal dirabekake deneng Dewi Tirtawati.

Sawentara ana ing liya tlatah yaiku negara Astina Pura, Prabu Abiyasa nampa rawuh Resi Narada kang nggawa pesen saka Hyang Girinata kanggo anggolekake jodo marang Raden Utara lan Raden Wratsangka kang ora liyo yaiuku anak keturunan saka kerajaan Wirata. 

Ora suwene kerawuhan Resi Narada banjur disusul Raden Wratsangka kang nyeritakake lungane kakang Utara kanggo anggoleki Dewi Tirtawati saperlu anemokake lan bisa anggawa bali ana negara Tasikretna. Kanthi nemokake Dewi Tirtawati Raden Utara nduweni pengangen-angen supaya bisa rabi dening Dewi Tirtawati. Krungu cerita saka Wratsangka, Prabu Abiyasa banjur tindak saperlu madosi Raden Utara. 

Singkat cerita, Prabu Abiyasa bisa nemokake Utara ana ing tengah alas gung liwang liwung. Ana ing ngalas iku mau Prabu Abiyasa weneh dawuh marang Utara supaya anggoleki penculik kang wis nyulik Dewi Tirtawati ana ing tlatah negara Tasikretna kanti iringan Raden Wratsangka. Prabu Abiyasa paring dawuh amerga nduweni batin yen penculik Dewi Tirtawati bakal bali ana kraton Tasikretna kanggo nyulik adikne yaiku Dewi Sindusari.

Sawentara iku ana ing tlatah Bulukapitu kedadean kang wis dinyono-nyono Prabu Abiyasa bener kedadean. Amerga penculik Dewi Tirtawati ora salah yaiku Raden Girikusuma saka keturunan Prabu Prawata mbujuk Dewi supaya gelem rabi marang dewek’e. Amerga ngrasa dwek’e kepepet Dewi Tirtawati banjur weneh syarat kanggo Girikusuma yen bakal bebojoan marang dewek’e, syarat kui yaiku Girikusuma ugo kudu ngrabi Dewi Sindusari sing ora liya adi saka Dewi Tirtawati. Ora akeh ngomong Raden Girikusuma banjur tindak menyang negara Tasikretna kanggo nyulik Dewi Sindusari supaya bisa rabi marang keloro keturunan Prabu Tasikraja iku.

Ana ing kraton Sariretna  Prabu Tasikraja nampa rawuhe Raden Utara lan Wratsangka kang ngendikan bilih sowanipun dateng Prabu Tasikraja mboten sanes amargi titah saking Prabu Abiyasa. Raden Utara lan Wratsangka uga matur daten Prabu Tasikraja bilih penculik kang sampun nyulik putri Raja bakal teko malih dateng kraton Sariretna. Salajenge Prabu Tasiraja paring dawuh dateng Utara lan Wratsangka supaya penculik iku bisa kecekel lan putrine Dewi Tirtawati bisa ditemokake.

Ana ing wengi dina Girikusuma dugi kraton Sariretna kanti niat nyulik Dewi Sindusari. Ananging durung nganti niat kui kaleksanan Girikusuma kepergok deneing Raden Utara lan Wratsangka sahingga kedadean peperangan. Ana ing perang iku Girikusuma bisa dikalahake lan mlayu bali menyang tlatah Bulukapitu. 

Kanthi dawuh Prabu Abiyasa Raden Utara lan Wratsangka banjur ngoyak Girikusuma tumeka ing Bulukapitu lan kasil anggone ngalahke Girikusuma teka patine. Amerga pati saka Giikusuma Prabu Prawata kang ora liyo rama saka Girikusuma ngamuk, anangin bisa diatasi marang Utara lan Wratsangka. Dewi Tirtawati kang diculik ana Bulukapitu banjur bisa ditemokake dening Utara lan dipun kundurake ana ing Prabu Tasikraja.

Prabu Tasikraja banjur nepati sabdane kanggo nikahake Dewi Tirtawati marang wong lanang kang bisa nemokake dewe’e, wong lanang iku ora liya yaiku Raden Utara. Sawentara Raden Wratsangka dinikahake dening adine Dewi Tirtawati kanthi asma Dewi Sindusari.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar