KURAWA LAN PANDHAWA
Raden Dhestarastha iku putrane Begawan Abiyasa. Duwe
adi loro aran Raden Pandudewanata lan Raden Yama Widura.
Raden Dhestarastra krama karo dewi Gendari. Kagungan
putra cacahe satus, ing antarane Duryudana, dursasana, dursilawati, Durmuka,
Durmaganti, Citraksa, Citraksi, Kartamarma lan isih akeh meneh.
Gandheng cacah satus mula diarani Sata Kurawa. Bala
kurawa iku racake duwe watak dengki, srei, jail, methakil, daksiya
sapadha-padha. Sing diagungake tumindak dursila. Gandheng Raden Destharastra
kuwi wuta sing dadi ratu ana Ngastina Raden Pandhudewanata.
Raden Pandudewanata krama karo Dewi Kunthi lan Dewi
Madrim. Putrane cacahe lima yaiku: Puntadewa utawa Yudistira ratu ing Ngamarta,
Werkudara utawa Bratasena satriya ing Jodipati,sing panengah Janaka uga aran
Arjuna satriya ing Madukara. Dene sing waruju kembar aran Nakula karo Sadewa.
Nakula satriya ing Sawojajar lan Sadewa satriya ing Bumi Retawu. Putrane Raden
Pandudewanata diarani pandhawa amarga cacahe lima.
Pandawa lan Kurawa duwe guru yaiku Begawan Durna saka
padepokan Sokalima. Sadurunge Prabu Pandhudewanata seda meling karo Raden
Destharastra supaya Ngastina besuk dipasrahake Pandhawa yen wis pada gedhe.
Nanging Raden Destharastra mblenjani janji. Kraton dipasrahake marang raden
Duryudana putrane sing gedhe dewe.
Pandhawa ora narimakake banjur njaluk baline kraton
Ngastina. Prabu Duryudana sak sedulur cukeng ora gelem masrahake. Gandheng
Kurawa kenceng ora gelem diajak apik-apikan, wusanane kapeksa Pandhawa ngrebut
Kraton Ngastina sarana perang. Perange Kurawa lan Pandhawa mau diarani perang
Barathayuda.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar