Sabtu, 09 Januari 2016

Legenda Wana Kethu

WANA KETHU

            Kasebat wonten ing jaman Kraton Demak, wonten satunggaling pawongan ingkang sekti mandraguna ingkang jejuluk Ki Kesdik Wacana, ingkang nembe anglampahi tapa wonten ing salah satunggaling redi ingkang kalebet wonten pareden Sewu (pegunungan Seribu). Pareden kalawau kinupeng wana gung liwang-liwung ingkang kathah sato kewan ingkang galak. Sasanesipun menika kaendahan alamipun sanget edipeni. Dening panguwaos Kraton Demak, papan menika dipundadosaken papan pariwisata tumrap para Raja.
            Kacarita wonten iring-iringan Raja ingkang dipundherekaken dening para pengiring lan senopatinipun, saperlu badhe mbebedhag kidang. Kidang menika wonten ingkang dipunagem pesta wonten ing wana, namung wonten ugi ingkang dipunbekta kondur dhateng kraton. Papan ingkang kangge pesta kalawau tundhonipun dipunparinggi tetenger Desa Seneng, ingkang tegesipun papan kangge seneng-seneng. Dumugi samenika papan kalawau dados papan ingkang reja. Nate dipundadosaken markas Raden Mas Said utawi Pangeran Sambernyawa kangge mengsah kompeni Walanda.
            Ing satunggaling wekdal, Raja Demak ngutus satunggaling abdinipun ingkang nami Raden Panji saperlu amanggihi Pendhita Ki Kesdik Wacana, ingkang mengku wigati sang Raja mundhut anak kidang ingkang sae, kangge klangenan wonten ing kraton. Sang pendhita minangkani pamundhutipun sang Raja kasebut. Anak kidang kalawau dipunlebetaken wonten ing satunggaling papan ingkang dipundamel saking pring (bumbung) salajengipun dipuntutup. Bumbung kalawau dipunparingaken Raden Panji, kanthi piweling (wanti-wanti) “Ampun ngantos dipunbikak tutupipun menawi dereng dumugi wonten ngarsanipun sang Prabu ing Demak”.
            Ing salebeting penggalih Raden Panji tansah enget menapa ingkang dipundhawuhaken Ki Kesdik Wacana bilih bumbung ingkang dipunparingaken mboten kepareng dipunbikak menawi dereng dumugi ing ngarsanipun sang Prabu. Ingkang dados gumunipun, sang Prabu ngersakaken anak kidang, ananging kenging menapa dening Ki Kesdik Wacana malah dipunparingi bumbung ingkang dipunsumpet. Sanadyan mekaten Raden Panji tansah enget piwelingipun Ki Kesdik.
            Salajengipun Raden panji dumugi wonten ing wana pejaten, Raden panji tansah mirsani bumbung ingkang dipunasta, saengga tuwuh krenteg ing penggalihipun mbikak tutup bumbung kalawau. Namung sasampunipun bumbung dipunbikak tutupipun, Raden Panji kaget dumadakan saking salebeting bumbung kalawau medal sato kewan alit-alit ingkang samsaya dangu samsaya ageng, pranyata sato-sato kewan kalawau mboten sanes inggih menika kidang. Kidang-kidang kalawau cacahipun wonten 16 utawi 8 pasang, sedayanipun sami mlajar dhateng wana.
            Raden Panji enggal-enggal mlajar nututi kidang-kidang ingkang mlajeng dhateng wana kalawau ngantos kethunipun (kopyah) dhawah wonten satengahing wana, namung mboten dipunpenggalih. Kidang- kidang kalawau boten saged kacepang dening Raden Panji. Raden Panji rumaos getun. Dene sampun sembrana, nerak wewaleripun Ki Kesdik Wacana. Raden Panji ajrih sanget menawi ing samangke sang Prabu duka. Raden Panji badhe wangsul dhateng pertapanipun Ki Kesdik Wacana ugi mboten wantun.
            Awit saking sekti mandraguna, Ki Kesdik Wacana saged mangertosi sedaya ingkang kalampahan tumrap Raden Panji, lajeng Ki Kesdik Wacana nungka Raden Panji dhateng wana. Wonten ing satengahing wana Ki Kesdik manggih kethunipun Raden panji ingkang dhawah nalika nututi kidang. Dening Ki Kesdik papan kalawau dipunparingi tetenger “Wana Kethu” (Alas Kethu). Papan menika kalebet wewengkon ing tlatah Wonogiri. Ki kesdik wacana pinanggih kaliyan Raden Panji. Raden Panji daya-daya sungkem wonten ngarsanipun Ki Kesdik nyuwun pangapunten dene sampun tumindak lepat inggih menika nerak angger-anggeripun Ki Kesdik.
            Ngawuningani tangisipun Raden Panji, Ki Kesdik welas ing penggalihipun ananging sasintena ingkang sampun tumindak lepat tetep kapatrapan pidana. Raden Panji dipun sedakaken dados ‘kidang wulung’ ingkang mbaureksa wonten ing Wana Kethu kalawau.
            Sinaosa kados pundi sedaya kalawau boten namung cekap dipungetuni amargi sampun kalajeng kapatrapan pidana. Raden Panji kedah nglampahi gesang ingkang enggal minangka pangarsa sedaya kidang ing Wana Kethu.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar