Sumantri Ngenger
Nalika Sumantri wis diwasa, Begawan Suwandhagni
ngendika supaya Sumantri ngenger utawa suwita menyang Negara Maespati. Sumantri
sendika dhawuh. Lakune didherekake punakawan papat Semar, Gareng, Petruk lan
Bagong. Begawan Suwandhagni nitipake sanjata Cakra darbeke Prabu Harjuna
Sasrabahu supaya dibalekake.
Lakune Bambang Sumantri kandheg amarga Raden Sukasrana
kepengin melu. Bambang Sumantri banjur ngarih-arih adhine nganti turu. Sawise
adhine turu, Bambang Sumantri budhal nilapake adhine menyang Negara Maespati.
Ing Negara Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi
ngrembug bab arepe mupu sayembarane Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi
Citrawati nganakake sayembara, sapa sing bisa menehi srah-srahan putri dhomas
cacah wolungatus bakal dadi bojone. Nalika lagi padha rembugan katungka sowane
Bambang Sumantri. Bambang Sumantri matur arep suwita marang Prabu Harjuna
Sasrabahu. Prabu Harjuna Sasrabahu gelem nampa suwitane Sumantri lamun dheweke
bisa mupu sayembarane Dewi Citrawati.. Sumantri nyaguhi banjur budhal menyang
Negara Magada.
Ing Negara Magada, wis akeh para raja lan satriya sing
ngleboni sayembara. Padha-padha gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe
wasana dadi perang rame. Pungkasane para raja lan satriya kalah kabeh karo
Sumantri jalaran dheweke migunakake sanjata Cakra. Para raja telukan padha
pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi
Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus.
Rumangsa bisa ngalahake ratu sewu negara, Sumantri
dadi gumedhe, umuk, kemaki. Ing batin dheweke rumangsa menangan mula banjur
thukul niyate arep nelukake Prabu Harjuna Sasrabahu. “Ratu sewu negara bae
padha keyok kabeh karo aku, genea aku ndadak suwita marang Prabu Harjuna
Sasrabahu? Kena ngapa ora tak telukake pisan dadi andhahanku?” ngono batine
Sumantri kandha. Sumantri banjur nulis surat panantang marang Prabu Harjuna
Sasrabahu lan dipasrahake marang patihe Prabu Harjuna Sasrabahu sing ndherekake
lakune saka praja Maespati.
Prabu Harjuna Sasrabahu mung mesem nampa panantang
saka Sumantri. Dheweke enggal methukake lakune Sumantri. Sumantri lan Prabu
Harjuna Sasrabahu perang rame. Padha sektine, padha terngginase. Perange nganti
pirang-pirang dina. Sumantri kekeselen banjur kepengin ngrampungi perange karo
Prabu Harjuna Sasrabahu. Dheweke enggal ngetokake sanjata Cakra arep ditamakake
marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sanjata Cakra kuwi sejatine duweke Prabu
Harjuna Sasrabahu. Nalika lair Prabu Harjuna Sasrabahu wis nggawa sanjata
Cakra, amarga dheweke sejatine titisane Bathara Wisnu. Nalika smana sanjata
Cakra disilih pamane, Begawan Suwandhagni.
Weruh sanjata Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu
Harjuna Sasrabahu nesu. Prabu Harjuna Sasrabahu triwikrama utawa malih dadi
buta gedhene sagunung. Sanjata Cakra disaut banjur diuntal. Buta ngamuk
gereng-gereng arep ngremuk Sumantri sing kemaki. “Sumantri, kowe satriya picek,
watekmu ala, melik barange liyan. Satriya wingi sore kemaki wani nantang Ratu
Gustine. Tak remet pisan remuk kowe Sumantri!” Weruh Bathara Wisnu nesu,
Sumantri ndheprok, lemes ora duwe daya. Nalika Sumantri disaut Brahala, Bathara
Narada tumurun ngarcapada nyapih satriya loro. Buta lilih badhar dadi Prabu
Harjuna Sasrabahu.
Sumantri banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa
ditampa maneh menawa dheweke bisa muter utawa mindhah Taman Siwedari menyang
Negara Maespati. Taman Sriwedari kuwi taman ing kahyangan Nguntara Segara,
kahyangane Bathara Wisnu. Sumantri sing wis ilang kasektene amarga koncatan
sanjata Cakra banjur klunuh-klunuh lunga saparan-paran, karepe arep wadul
bapake, Begawan Suwandhagni.
Lakune Sumantri kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul
lungane. Sumantri nyritakake kabeh lelakone marang Sukasrana. Sukasrana mesem
krungu critane Sumantri.
“Nek mung utel aman we, ampang akang,” kandhane
Sukasrana karo ngguyu ngakak.
“Tenan, Yayi? Kowe bisa muter Taman Sriwedari?”
kandhane Sumantri.
“Isoh ae, Akang. Uwi ampang!”
“Adhiku, Dhi Sukasrana. Tulungana aku ya, Dhi!” kandhane
Sumantri memelas.
“Aku isoh utel aman Iwedali ning ana alate, Akang.”
“Apa syarate, Dhi?”
“Aku engen elu owe, Akang. Aku elu uwita Abu Aluna
Asa.”
“Kowe kepengin melu aku suwita Prabu Harjunasasra?”
“Iya, Akang.”
“Iya, Dhi. Angger si Adhi bisa muter Taman Sriwedari
mesthi tak ajak suwita menyang Maespati.”
“Enan, Kang? Owe anji Kang? Owe ola apusi?”
“Iya Dhi, pun kakang janji ora bakal ngapusi!”
“Yoh, Akang. Entenana edhela ya?”
Sukasrana banjur muja semedi. Sanajan rupane ala
nanging gedhe prihatine. Sedhela wae taman Sriwedari wis pindhah menyang
alun-alun keraton Maespati, gawe gegere wong sanagara. Sawise klakon muter
Taman Sriwedari, Sumantri ditampa suwita ing Negara Maespati dadi patih, aran
Patih Suwanda. Sukasrana diajak Sumantri menyang Negara Maespati nanging
dipenging ngetok, amarga Sumantri isin duwe adhi wujud buta cebol sing rupane
nggilani. Sukasrana dikongkon manggon lan ndhelik ing sajroning taman.
Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane
Taman Sriwedari, dheweke njerit-jerit kamigilan weruh ana buta bajang ing jero
taman. Dewi Citrawati banjur lapuran marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu
dhawuh marang Sumantri supaya nyingkirake buta bajang. Sumantri sing wis
nggraita menawa buta sing dikarepake kuwi adhine, Sukasrana, banjur budhal
mlebu taman.
Tekan ing jero taman, Sumantri nesu-nesu
ngunek-ngunekake adhine sing medeni Dewi Citrawati. Sukasrana dikongkon bali
menyang pertapan. Sukasrana ora gelem amarga wis dijanjeni dening Sumantri arep
diajak suwita ing Negara Maespati. Sumantri gregeten. Sukasrana diagar-agari
panah dikongkon bali. Sukasrana tetep ora gelem bali malah nyedhak nagih
janjine Sumantri. Nganti suwe anggone eyel-eyelan, pungkasane panah mrucut saka
tangane Sumantri lan nancep ing dhadhane Sukasrana. Sukasrana mati. Kuwandane
ilang musna, ninggal sepata.
“Kakang Sumantri! Tega temen kowe karo aku, Kakang.
Kowe mblenjani janji, Kakang. Aku ora trima. Utang pati nyaur pati.
Eling-elingen mbusuk yen kowe perang tandhing karo ratu buta saka Ngalengka,
ing kono tumekane piwalesku, Kakang. Wis kakang, tak enteni ing lawange surga.
Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau
barang wis kebacut. Katresnane marang adhine ilang amarga saka drajat lan
pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti marang ratu gustine,
diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani. Janji ngajak adhine, diblenjani.
Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan kamukten. Besuk patine sumantri
dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka Ngalengkadiraja.